Ajaran Samin (disebut juga Pergerakan Samin atau Saminisme) adalah salah satu suku yang ada di Indonesia. Masyarakat ini adalah keturunan para pengikut Samin Surosentiko yang mengajarkan sedulur sikep, di mana mereka mengobarkan semangat perlawanan terhadap Belanda dalam bentuk lain di luar kekerasan.

Uri Uri Tradisi Jawi ( Bahasa Pojok Kulonan )

Manten Solo PutriSenadyan kemajengan jaman soho teknologi soyo dinten soyo ngedap edapi nanging kanggenipun tiang jawi mboten nilar tradisi engkang sampun dipun warisaken poro leluhur engkang sampun suwargi.
Bab kasebat kwujudtaken denging mas Suwarno engkang Pidalem wonten ing Dusun Bandung Desa Kalangan Kecamatan Margomulyo Kbupaten Bojonegoro nembe nglampahi mantu bebesanan kalian Bopo Suradi mijil saking Kabupaten Jeporo Jawi Tengah.
Mantenipun pawestri kanthi Nami Dhani wodene tamanten kakung Nami Ufiudin engkang awal jejodohanipin tanpo kajodokaken tiang sepuh ananging kepanggih lumantar teknologi ( Tepon seluier ) tiang sepuh kekalih saksampunipun pikantuk adulan kang putro sami remen lajeng dipun lamarakan ngantos sepakat dipun wontenaken upocoro adat Nihak lan dedapupan.
Karenten sederek Suwarno katemben matu putro engkang pambayun utawi putro engkang ongko setunggal sahinggo kangge jangpipun tradisi jawi sakderengipun dedaupan dipun awali kanthi hadicoro bubakan ( mbubak kawak )
Hadicoro bubakkan menwi dipun pirsani ngagem koco agami islam mboten kalebet wajib keporo sunah kemawon mboten.
Gandeng puniko sakperangan uri uri tradisi sahinggo wonten ing hadicoro kasebat katah eden eden engkang pinajang mengku raos nasehat kegem engkang saget njlentrehaken.
Sakperangan conto wonten wit pisang sakkembaran sampu wonten wuhipun engkang winastanan Tuwuh meniko pralampito mituhu mring dawuh sahinggo jangkeping tiang agesang puniku kedah tuhu mring dawuh 3 perkawis antawisipun
1, Tuhu dawuhing agami 2. Tuhu mring dawunghing Negari 3. Tuhu mring dawuhing tiang sepuh ( tradisi )
Dawuhing agami contonipun kedah kacatet soho kasineksenan naliko ijab Qobl utawi nikah kalampahaken coro Agami.
Tuhu mring pranataning nagari engkang wujudtipun nadyan nikah menurut agami Islam wanten calon temanten wonten wali waonten mahar lan wonten saksi sampun sah namun enawi mboten kacetet KUA dereng sah minggahing Nagari.
Wodene Tuhu mring tiang sepuh engkang wujudtipun uri uri budoyo jawa engkang wujudtipun hadicoro bubakan soho dedaupan.
Kajawi Pisang tuwuh ugi katah pralampito sanesipun kadosto wontenipun sekar jambe winastanan Mayang mengku raos manembah mring eyang kanggenipun tiang Islam nglampahi sholat. Menawi pasangan wit tebu mengku raos murih temanten sekalian sami manteb salebeting qolbu.
wodene ron Andong mengku raos andedongo utawi panyuwunan wonten ngarso dalem Alloh swt.Wodene kapasang ron kelopo mudo winastanan Janur mengku werdos Jan puniko linangkung wodene Nur suminaring cahyo mengku wertos murih temanten sekalian gadah cahyo kang suminar dados tepo palupi lingkunganipun.
Wonten kain warni abrit lan petak pralampito tiang engknag sampun jejodohan kedah anggadahi watak wantun lan suci/leres dadosipun menawi wantun kedah linambaran leres utawi menawi bab engkang leres kedah wantun ambebelo.
Yektosipun katah sanget pralampito engkang pinajang wanten hadicoro bubukan nanging kanthi uraian ringkes mugi wonten gina lan manfa'atipun dador sanadyan tredisi ngugemi leluri tradisi jawai menawai dipun maknani samudayanipun ngudin ridlo Alloh mugi mboten nuwuhaken raos sirik utawi musrik.
Nopo bebabpipun tiang sepuh rumiyen namung kebak samudono karenten tasik sekedik sanget tiang engkang kerso njlentrehaken pangertosan engkang akhiripun namung nut inut nopo engkang dipun lampahi nenek moyangipun katuhu turun tumurun.
Padatan sakmantunipun daup kalajengaken hadicoro atus pambagyo kalajengaken lung tinampen ingkang maksudtipun pamengkugati ngaturi segeng rawuh soho atur pasugatan sakwontenipun kalajengaken nyuwun berkah pagestu dumateng sedoyo poro rawuh.
Hadicoro lung ( pasrah ) ngaturaken cempoko sasele wujudtipun temanten kakung kalebet pasrah panggolowenthah. Saklajengikpun pasrah kadang besan katampi kelebet nyembadani punopo engkang kasuwun kadang besan.
Jangkepipun ugi wonten krobongan jangkep ingkang dipun alawi sungkeman temanten putri dumateng temanten kakung mengku werdi bilah istri kedah taat dateng ajakan suami sauger ajaan kolo wau mboten nyimpang saking paugeran.
Sakmantunnipun sungkem kakungipun kalajegaken sungkam dateng tiang sepuh kekalih protondo yekti bilih nadyanto dados narindro nanging wajib bektos dateng tiang sepuhipun karenten wonten agami Islam dipun ajaraken bilih Ridlo Alloh ugi Ridlo tiang sepuhipun.
Naliko sungkem dateng tiang sepuh kawiwidan lolos duwung ( lepas keris ) pratondo bilih ngengetaken dateng temanten khususipun bekti dateng tiang sepuh kemawon kerin kedah kalepas nopo malih bekti dateng Alloh swt kedah nilaraken raos pitados dateng keyaqinan engkang nuwuhaken raos nandingaken Tuhanipun.
Menawi kajlentrehaken katah sanget werdi engkang kawujudtakaen wonten samudono tradisi jawi kalebat sakmangke waontepitun Taman engkang kapajang mujudtaken sanepo temanten sekalian kedah linambaran Cinta lan Iman.
Hadicoro kasebat poro parogo Tata Rias Sekar Gading dipun prakarsai Ibu Siti Rupingah ( mantan Kades )
Pranoto Coro ( MC ) Sutikno Cucuk lampah Gendut ( Karmanai ) Juru kamera ( Susilo ) Vidio Suting Yudist Sond sistem Antok Krawitan Gongso laras Waranggono Lestari.
Atur Pambagyo Suroto ( Kasun Bandung ) Panampi Parno ( Mantan Ket, BPD ) Tauziah Imam Soepardji Do'a M.Sarno ( Kaur kesra ).

0 Response to "Uri Uri Tradisi Jawi ( Bahasa Pojok Kulonan )"

Posting Komentar

Sekertariat

Kelompok Informasi Masyarakat (KIM)
Alamat : Jl.Perhutani 001 Kalangan Margomulyo Bojonegoro
Telp : 085235512000
Twitter : @KIMMBSamin
Email : kimkalanganmbsamin@gmail.com

Informasi

Pingen Agar Tidak Ketinggalan Informasi Desa-Desa, Masukkan Alamat Email Anda Di Bawah Ini Untuk Berlanganan Informasi